Putri tercinta saat bersama Almarhumah Istri tersayang

Duhai Sayang....Semoga engkau berbahagia di alam sana

Saat-saat terindah bersama Almarhumah Istri Tersayang

Duhai sayang.... Semoga engkau berbahagia di alam sana

Saat-saat terindah bersama Almarhumah Istri Tersayang

Duhai sayang.... Semoga engkau berbahagia di alam sana

Upacara Pembukaan Class Meeting Madrasah Al Rosyid

Bersama Bapak Kapolres Bojonegoro

Rahma dan Rafi Motivatorku

Ayah selalu menyayangi kalian berdua

Sabtu, 18 Agustus 2012

Met Idul Fitri 1433 H

Ikhlas kubuka senyuman
Dari hati aku yang terdalam
Untuk kalian tulus aku berikan
Semoga kalian mau memaafkan
Atas salah dan dosa yang pernah kulakukan

Selamat Idul Fitri 1433 H

Minal Aidin Wal-Faizin
Mohon Maaf Lahir Dan Batin...

Khutbah Idul Fitri 1433 H


Mahargya Dinten Kemenangan

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ  اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر *ُ اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ   *اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  * اللهُ أَكْبَرُكَبِيْرًا* وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا* وَسُبْحَانَ اللهُ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً *لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ اِلدّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ اْلكَافِرُوْنَ* لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ * صَدَقَ وَعْدَهُ * وَنَصَرَ عَبْدَهُ * وَأَعَزَّ جُنْدَهُ * وَهَزَمَ الأَحَزَابَ وَحْدَهُ* لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ*
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى  أمـرنـا أن نـقيـم الأجتـمـاع  والأتـحـاد* والـتـودد بـيـن الـعبـاد ونهـانـا عـن  الـتـفرق والتبـاغض والأبتعـاد* أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى مِنْ إِلَهٍ أَعَادَ اْلأَعْيَادَ* وَادَّخَرَهَا بِكُلِّ عَمَلٍ  فى يـوم الـمعـاد * وَأَطَالَ الأَجَالَ إِلَيْهَــا لِيَنَالـُوْا بِفَضْلِهَــا الْجَزَاءَ الْمـوْبـد* أَشْهَدُ أَنْ لا إِلَه إِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ اْلـفـرد الْـصـمــد* وأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْحـائز الشـرف فـوق الـعبـاد* صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الـذى أرشـدنـا الى سـبيـل الـرشـاد* وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ كَانُوا يعـتـصـمـون  بشـريـعـتـه حق الأعـتمـاد * وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا  كَثِيْرًا إِلَى يَوْمِ الـمعـاد * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا مَعَاشِرَ الْحَاضِرِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهِ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مَسْلِمُوْن *  وَاعْلَمُوْا أَنَّ  يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ  وَعِيْدٌ مُبَارَكٌ سَعِيْدٌ كَرِيْمٌ* أُحِلَّ لَكُمْ فِيْهِ الْطَعَامُ وَحَرَّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامُ *
  Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah,
Mangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur saha pengalembana wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala, inggih awit saking kanugerahan lan kanikmatan, langkung langkung yuswa panjang ingkang kaparingaken dateng kita sedaya, sahingga enjang menika kita kaparingan saget menangi malih dinten riyadin Idul Fithri punika, kanti kebak kabingahan lan kebahagiaan. Mekaten ugi anggen kita sami nindakaken kwajiban  shiyam Ramadlan sampun pinaringan paripurna. Panyuwun kita mugi katampia sedaya amal ibadah kita saklebetipun wulan Ramadlan kepengker wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amiin.
Ugi mboten kesupen mangga kita tambahi taqwa lan tha’at kita dateng Allah, kanti ikhtiyar lan mbudidaya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun lan nilar saha nebihi sedaya cegah lan awisanipun. Menapa malih ing dinten ingkang kebak rahmat lan maghfirah punika, ampun ngantos kita kotori kanti kemakshiyatan lan kadurakan ingkang mboten dipun ridlani dening Allah Ta’ala. Jalaran ing dinten menika ugi, awrat sanget godanipun mergi syetan lan iblis sami sumebar pados tiyang ingkang saget dipun bujuk, supados tumindak ingkang nuwuhaken duka lan bendunipun Allah Ta’ala. Pramila mangga kita jagi lan kita reksa kamulyanipun dinten punika. Kita bingah bingah sae, dahar ngunjuk eca eca mangga, ngagem busana enggal prayogi, nanging ampun ngantos lelangkungan, menika kemawon kedah kita niyati syukur kerana nikmat peparingipun Allah. Inggih nikmat ageng peparingipun Allah ingang arupi kemenangan, sak sampunipun kita nindakaken perang agung sewulan muput  nglawan musuh ingkang dumunung wonten ing awak kita piyambak inggih hawa nafsu kita.
اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ لآ إلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah,
Dipun mulai kanti suruping surya, minangka tengara sampurnanipun wulan Ramadhan, sinambet kanti kumandanging takbir ngebaki awang awang, tasbih, tahmid lan tahlil nyertani swantening takbir, minangka tandaning raos syukur saking sedaya ummat Islam sak jagat raya punika. Mahargya dinten kemenangan ingkang kebak kebahagiaan lan kebingahan. Mangga swasana riyaya punika kita ginakaken kangge introspeksi, mawas diri lan muhasabah , dateng nikmat peparinipun Allah ingkang katah sanget mboten saget kawical wical, sageta sami syukur kanti ngginakaken nikmat punika dateng perkawis ingkang dipun ridlani dening Dzat ingkang paring ni’mat, menawi kita pinter syukur dateng nikmat peparingipun Allah, tentu Allah bade nambahi peparinipun dateng kita. Langkung langkung nikmat kamenangan ingkang nembe kita tampi punika sageta kita syukuri kanti ngegungaken dateng Asma dalem Allah Ta'ala , kados dawuhipun Allah :
"Lan supaya sira kabeh pada nyampurnaake wilangane dina anggonira pasa Ramadhan , lan supaya pada ngegungake sira kabeh ing Gusti Allah kerana olehe wus nuduhake Allah ing sira kabeh, supaya sira kabeh pada syukur".  (QS. Al Baqarah : 185)
Ngegungaken dateng Asma dalem Allah minangka nglahiraken Syukur dateng Allah punika kanti cara maos takbir, tahmid, tasbih lan tahlil. Mekaten ugi jumbuhipun kaliyan nikmat riyaya fitrah punika kita ngegungaken Allah kanti nindakaken sedaya lampah ibadah kanti ngadepaken jiwa raga kita.
. اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ لآ إلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah,
Shiyam kita sewulan wekdal Ramadlan kepengker mangga kita titi priksa sepinten labetipun tumrap pribadi kita. Sebab Allah majibaken shiyam dateng kita tentu mawa hikmah, ingkang kedah saget kita raosaen. Katah sanget hikmah ingkang terkandung sak lebetipun kwajiban ibadah shiyam punika. Ing antawisipun minangka lampah prihatin kita kangge nggayuh derajat kamulyan saking ngarsanipun Allah. Minangka pepindanipun, kita mangertos hewan ingkang tapa prihatos nilar tetedan, kados dene uler, satunggaling hewan ingkang wujud ipun ngigoni, wulunipun nggateli, nedinipun gegodongan lan dados hama ingkang sanget dipun satroni lan disengiti sinten mawon. Ananging sinareng prihatos piyambakipun kanti tapa lan pasa, nilar neda, dados enthung, lajeng wewujudanipun gantos rupi makhluk ingkang indah nyengsemaken ingkang nyawang, kaparingan sewiwi, lar saget ngambah nggegana dados kupu, kacawisan rizqi ingkang sae, rupi madu, srawunganipun kaliyan sekar ingkang wangi lan indah. Pendamelipun ugi manfangati, menyerbukan sekar, lajeng saget dados buah. Menika sedaya jalaran anggenipun prihatos merangi hawa nafsu, lajeng saget nggayuh kamulyaning gesang menika.
Dados kanti anggen kita shiyam tetunipun kita ugi saget nggayuh derajat kamulyan. Miderek dawuhipun Allah shiyam menika dipun wajibaken   supados kita kalebet kawulanipun Allah ingkang muttaqin, bertaqwa, ta’at lan patuh dateng peraturan.  Kados dawuhipun Allah :

ing akhiripun ayat shiyam  ……..La’allakum tattaquun ;    Supaya sira kabeh pada taqwa.      
اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ لآ إلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah,
Menawi shiyam nggadahi hikmah supados kita tambah taqwa, mboten sanes kejawi supados kita sedaya saged ngreksa lan njagi pribadi saking lelampah ingkang ndamel kemlaratan lan kapitunan , tumuju dumateng lelampahan ingkang ngasilaken kemanfaatan sae kemanfaatan kagem diri pribadi punapa dene kemanfaatan kagem tiang sanes.  Ngendikanipun Allah swt wonten ing al-Qur'an surat al-Baqarah ayat 184:

"Pasa iku Iuwih apik kanggo sira kabeh lamuna sira kabeh pada mangerti"

Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah,
Wusananipun, ing injang ingkang kebak rahmat lan maghfirah punika, mangga kita sesarengan nyuwun dateng Allah, mugi mugi sedaya ngamal ibadah kita sak lebetipun wulan Ramadlan, ngantos dumugi enjang punika, langkung langkung shiyam kita sedayanipun tinampiya wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala, pinaringana saget nggayuh hikmah hikmahipun ibadah shiyam kangge  nggayuh derajat kautaman lan kamulyan wiwit gesang kita ing alam dunya punika ngantos dumugi ing alam akhirat  . Kalebetna golonganipun tiyang ingkang wangsul netepi fithrahipun kalebur sedaya dosa kalepatan kita, wangsul kados asal katitah kita suci tanpa dosa,  nggayuh kamenangan lan kabekjan wiwit dunya ngantos duugi akhirat Amiin.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ  *  وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ  *  فقـد قال تعـالى في كتـابه الكـريـم*  أعـوذبـالله من الـشــيـطان الـرجـيم* بســم اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ *  قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى* وَذَكَرَ اسْمَ  رَبِهِ فَصَلىّ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ *

 

اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر *ُ اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ*  اللهُ أَكْبَرُ  كَبِيْرًا *  وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا *  وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً  وَأَصِيْلاً  *  لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهِ وَاللهُ أَكْبَرْ *  اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ *
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ اْلأَعْيَادَ مِنْ عَوَائِدِ اْلإِحْسَانِ* وَفَوَائِدِ اْلإِمْتِنَانِ* مِنْ رَبِّ  اْلمَلِكِ اْلحَنَّانِ* إِلِى عَبِادِهِ الَّذِيْنَ يَجْتَهِدُوْنَ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ* بِالصِّيَامِ وَالتَّرَاوِيْحِ وَتِلاَوَةِ اْلقُرْآنِ * أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْوَاحِدُ اْلمَنَّانُ* وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّعِى إِلَى دَارِ الْجِنَانِ* وَصَلَّى اللهُ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُوْلِى الْعِلْمِ وَاْلعِرْفَانِ*  وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا* أَمَّا بَعْدُ، فَيَآأَيُّهَا اْلإِخْوَانُ رَحِمَ كُمُ اللهَ، أُوْصِيْكُمْ  وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ* وَاْعلَمُوْا يَا إِخْوَانِ رَحِمَكُمُ اللهَ أَنَّ يَوْمَكُمْ  هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ * فَاشْكُرُ اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيْرِ وَالتَّهْلِيْلِ إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ* فَقَالَ اللهَ تَعَالَى جَلَّ جَلاَلُهُ عَلِيْمًا* إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى* يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا* اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ* وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ* وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ* وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ* اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ* وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ* إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ* اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَّتَنَاوَأُمَّتَنَا* وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا* وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا *صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا* وَاجْعَلْنَا هَدَاةً مُهْتَدِيْنَ*  اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ* اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ* وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ* وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ* وَفَرِّجْ عَنِ اْلمَكْرُوْبِيْنَ* وَاقْضِ الدَّيْنِ عَلَى اْلمَدْيُوْنِيْنَ* وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا* وَعَلَى الْحُجَّاجِ وَالْغُزَّاةِ وَالْمُسَافِرِيْنَ*. إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ* اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلمُنْكَرَ وَاْلبَغْىَ وَالسُّيُوْفَ اْلمُخْتَلِفَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍِ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَِلإِحْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَ بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِى قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آَمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ*
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ* وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.*

Kamis, 02 Agustus 2012

Raden Haji Oma Irama Hadir di Pondok Pesantren Al Rosyid

Pondok Pesantren Al-Rosyid yang terletak di Desa Ngumpakdalem, Kecamatan Dander, Bojonegoro menggema. Raja dangdut Rhoma Irama menyanyikan beberapa lagu sekaligus berdakwah dalam rangka setengah abad berdirinya Pondok Pesantren Al Rosyid.

Ribuan orang membanjiri halaman pondok Al-Rosyid Selasa (17/7/2012) . Bahkan sebagian terpaksa berada di luar pondok dan berjejal di jalan raya. Rombongan banyak yang berdatangan untuk menyaksikan wajah sang raja dangdut.

Rhoma Irama dalam dakwahnya menyampaikan, perbedaan jangan dijadikan ganjalan dalam melangkah. Banyak golongan-golongan mempunyai dasar Ahlus Sunnah Wal jama`ah, karena ingin masuk surga.

Dakwah yang ditutup dengan tiga lagu membuat ribuan hadirin terpakau, karena baru kali ini mendengar sekaligus melihat wajah sang Raja Dangdut.

Sementara itu Pengasuh Pondok Pesantren Al-Rosyid Ust. KH. Alamul Huda dalam sambutannya menyampaikan ucapan terima kasih kepada semua pihak yang telah mendukung terlaksananya acara setengah abad Pondok Pesantren Al-Rosyid. "Kami berharap bisa menjadi icon pemersatu umat, berdiri di atas semua golongan," katanya

Yasdi, SE, MM
082 331 046 465 / 085 732 255 454

Alamat Kantor :
MTs Al Rosyid
Jl. KH. R. Moh Rosyid Ngumpakdalem Dander Bojonegoro Jawa Timur

Alamat Rumah :
RT. 01 RW. 01
Desa Sumodikaran Dander Bojonegoro Jawa Timur